᭒ - Critå Cekak
- Bu Guru
Yèn íng kampúngku ånå jênêng Bu Guru, síng dimaksúd mêsꧢi Bu Warsini garwané Pak Marnó. Bu Warsini ora dadi guru, nangíng dadi bojoné Pak Marnó síng dadi guru SD.
Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah síng ngastå dadi guru waé ora tau diundang Guru. Undang-undangané ya múng Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono waé. Sêmono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi síng kakungé ugå ngastå dadi Guru, undang-undangané yå ora Bu Guru, nangíng múng Bu Tarmi lan Bu Kasmi ngono waé.
Dadi yèn ånå wóng ngómóng Bu Guru, síng dikarêpké mêsꧢi Bu Warsini iku. Amargå íng kampúngku síng dadi guru ꧤisík ꧤéwé yå múng Pak Marnó síng saiki wís pènsiún iku. Sênajan Pak Marnó wís pènsiún, Bu Warsini isíh têtêp diundang Bu Guru.
᭒ ᭒
Njúr åpå critané Bu Guru, yå Bu Warsini iku? Critané Bu Guru iku ora duwé anak lanang. Nalikå sêmånå, anaké limå wadón kabèh. Mångkå jaman saiki anak limå iku yå wis kêpétúng akèh.
ᨾ ᩩ
Mula Pak Marnó tansah nganꧤani marang garwané iku, supåyå mèlu ka-bé. Yèn manút istilahé Pak Wísnu, ka-bé iku yèn dijawakaké dadi kêluwargå rinancang.
᭵
Nangíng Bu Guru kipå-kipå ora gêlêm, amarga isíh kêpéngín duwé anak lanang, nganti Pak Marnó juꧤêg. "O,alah Bu, mbók wís trimå. Wóng anakmu yå wís limå ngono. Mêngko yèn wís påꧤå duwé joꧤo, kowé rak yå duwé anak lanang ta? Sênajan múng anak mantu, rak ya påꧤå waé ta; kuwi yå anakmu." "Yå bédå Pak, anak mantu kók karo anak lèh mbrêjêlké ꧤéwé..."
᭵
"Bédané nggón ngêndi? Åpå yèn anak mantu kuwi ora gêmati? Akèh lho Bu contoné, anak mantu utåwå anak angkat kuwi malah luwíh ngêrti marang wóng tuwa! Cobå kaé, Parmantó anak angkaté Pak ꧤé Sastró kaé, pênꧤak sasi sowan nggåwå gula tèh; isíh olèh-olèh bandêng, ênꧤóg, mångkå mêngko yèn mulíh isíh ninggali ꧤuwít.
Balík anak-anaké, êndi síng ngêrti karo wóng tuwå? Mårå pênꧤak bakdå waé sók-sók ora?!" "Êmbúh gêmati êmbúh ora, ngêrti karo wóng tuwå åpå ora, nangíng rasané ora kåyå yèn duwé anak lanang ꧤéwé, pak!
ᨾ …..
Bisa dipamèrké marang liyan gilo iki anakku síng lanang síng ngganꧢêng, ah pókóké aku isíh kêpéngín duwé anak lanang!” "Yå uwís yèn ora kêna takkanꧤani. Wóng diéman kók ora kênå. Kuduné kowé kuwi wís lèrèn ora nglairaké....."
- - ᨾ
Åjå manèh kók Pak Marnó síng bojoné Bu Guru, sênajan Pak Kêtua RT, Pak Kêtua RW, åpådéné pak Bayan; kabèh paꧤa nganjúraké mèlu ka-bé. Nangíng Bu Guru têtêp mbêguguk nguꧢåwatón, ora gêlêm mèlu ka-bé. Pak Marnó ganti pêkéwúh sabên-sabên diparani pêrangkat kêlurahan iku. Sidané bojoné dirêpå-rêpå.
- … -
"Yå manúta pêmêrintah ta Bu, mèluå ka-bé....” "Wêgah! Wêgah tênan aku pak! Wóng diaturi aku iki isíh kêpéngín duwé anak lanang, kók dikón ka-bé; pókóké aku gêmang!"
...
"Mêngko ꧤisík tå, aku iki ora malangi kêkarêpanmu duwé anak lanang, nangíng åjå mbangkang ꧤawuhé pêmêrintah ngono kuwi...."
ᮞ - -
"Lha trús piyé, nèk ora olèh mbangkang?" "ꧣaftarnå ka-bé nyang Bu Bidan, mêngko njupukå píl waé! Mbókpangan pilé yå kênå, ora ya kênå! Níng kétóké rak wís mèlu kabé, ngono lho karêpku!"
-
"Dadi sabên sasi mêngko aku nyaꧤóng jatah píl?" "Ha iyå! Bu Bidan rak ngira yèn kowé wís mèlu ka-bé tênan."
-
"Yå wís, nèk ngono aku ngalah. Níng aku åjå mbókpêkså mèlu ka-bé tênan lho, Pak!"
- ᨾ
"Ora-ora! Aku ora arêp mêksa. Kowé mèlu ka-bé têmênan kanꧢi kêsaꧤaran, aku malah sênêng, ora arêp mêkså...:"
᭐ - ᨾ
Bu Guru mèncêp krungu têmbúngé síng lanang mêngkono iku.Sidané Bu Guru ꧤaftaraké mèlu kabé têmênan.
- - ᨾ
Nangíng múng éꧢók-éꧢókan. Sabên sasi nyaꧤóng jatah píl ka-bé ing omahé Bu Bidan. Nanging píl caꧤóngan iku ora tau dipangan, nangíng múng ditumpúk ing laci méjané. Bu Bidan ngira Bu Guru iku wís mèlu kabé têmênan.
-
Nyatané nganti wêktu nêm sasi Bu Guru durúng katón nganꧤêg manèh. Nangíng sakbubaré kuwi, Bu Guru wís ora nyaꧤóng jatahé píl kabé manèh. Malah wís têlúng sasi ꧤèwèké ora ngatón ing omahé Bu Bidan. Mulå Bu Bidan mênêng-mênêng mbatín marang Bu Guru.
-
Yå géné garwané Pak Marnó iku ora njalúk jatah manèh. Mulå nalikå pêrtêmuan PKK, bab iku ditakókaké marang Bu Guru. "Bu Guru kók sakmênika mbótên mênꧤêt jatahipún píl kabé?" Karo klimputan Bu Guru wangsulan sêtêngah bisik-bisik.
ᨾ
...
- ᨾ...
"Ngapuntên Bu Bidan, kulå kêbóbólan malíh. Kêsupèn mbótên nêꧤå píl tigang dintên, lha kók nganꧤêg malíh,...." "Wooo...,ngatên tå?" Bu Bidan mlênggóng sêmu maido. "Kulå rumiyín rak sampún matúr, mênawi kêsupèn mbótên ꧤahar píl ka-bé, pênꧤak dintênipún dipúnꧤóbêli...."
᭒ ᨾ - ᭙ ᭜
"Wóng kémutan-kémutan sampún tigang ndintên kók, Bu! Dóspundi malíh?! Nangíng Bu Bidan ora arêp ndêdåwå critå, malah batiné - prikså karêpmu, ora mríksakaké yå sakkarêpmu-, akibaté mbóktanggúng ꧤéwé.
᭜ ᨾ ᨾ
Nyatané sajêroné nganꧤêg sangang sasi Bu Guru múng mríksakaké kapíng pinꧤo. Mulå ora mokal yèn anggóné nglairaké rådå rêkåså. Bu Bidan ora sagúh nangani.
ᨾ ᭵ ᭞
Sidané Bu Guru digåwå mênyang rumah sakít, amargå múng ꧤóktêr síng kêconggah nangani. Diinfus nganti ngêntèkaké pirangpirang bótól, parandéné bubar nglaíraké mêkså katón nglêntríh tanpå dåyå amargå kêntèkan tênågå. Malah kóbêr ora élíng barang. Tujuné isíh biså dislamêtaké. Ya múng rådå akèh wragad síng kudu diwêtókaké.
᭦ ᭵ ᨾ ᭜ - ᨾ
"Putrå njênêngan èstri," ngêndikané ꧤóktêr nganꧤani. Síng dikanꧤani ora wangsulan. Mripaté kêꧢap-kêꧢip. Ngêrtiå yèn anaké iku bakal mêtu wadón manèh, aꧢukå ꧤèwèké rak mèlu ka-bé têmênan, ora éꧢók éꧢókan kåyå ꧤèk êmbèn. Bu Guru gêgêtún, nangíng wís kêbacút.
᭠
Sidané kanꧢi kêsaꧤaran ꧤèwèké njalúk distéríl pisan. Bu Guru lagi pasrah marang panguåsåné Síng Måhå Kuwåså síng nakdiraké ꧤèwèké ora duwé anak lanang. Bu Guru wís biså mupús.
ᨾᨾ ᨾ
Saiki pêpénginané duwé anak lanang gênti malíh dadi kêpéngín duwé putu lanang, amargå anaké mbarêp wís omah-omah taún kêpungkúr. Mulå pêpénginané iku dikanꧤakaké marang Ndari síng cêkêl gawé dadi guru SD.
᭵ ... ... ᨾ ᭵
"Aku wís trimå kók Nꧤúk ora diparingi anak lanang! Níng mugå-mugå waé anakmu mbarêp iki mbésúk mêtu lanang..." "Ah, Ibuu....' wóng kula kêpénginé anak èstri kók!"
᭵ ᨾ ...
"Sêbabé?" "Ha inggih, anak èstri mênikå umumipun mbótên nakal. Umúr nêm taún sampún sagêd dipúnkèngkèn...Yèn anak lanang?"
"Nangíng ora kåyå nèk anak wadón duwé, anak lanang ya duwé. Ganꧤèng anakku nênêm wís wadón kabèh, sírku anakmu kuwi tak suwún mêtuå lanang; ngono lho!"
...... ᩊ ᩊ ᭜
"Ha-ha-haa, Ibu ki anèh! Wóng kulå síng arêp diparingi mómóngan, kók njênêngan síng nyuwún!" "Witiknå, anak nênêm wadón kabèh, lumrah ta nèk njúr kêpéngín putu lanang?"
ᨾ
"Nggíh mugi-mugi kadumugèn kêpéngín panjênêngan, Bu!" Ndari mbarepe Bu Guru iku ngalahi rembug. Nanging batine tetep kepingin duwe anak wadon.
ᨾ ᨾ ᭻ᨿ
Têmênan. Barêng jabang bayi laír, jêbúl mêtu wadón. Ndari rumangsa lêga déné anaké mbarêp mêtu wadón têmênan. Kósók baliné Bu Guru síng mbrabak arêp nangís.
Kaningåyå têmên urípku! Kêpéngin duwé anak lanang ora klakón, ngarêp-arêp putu lanang, jêbúl malah wadón manèh.
Putuné Bu Guru wís umur têlúng taún. Wóng wadón iku gêmati bangêt marang putuné iku. Sênajan wadón, rasané bédå mómóng anak karo mómóng putu.
Sêminggu waé ora wêrúh putuné, mêsꧢi wis mårå niliki. Malah nganti kêpårå nglalèkaké marang anak-anak liyané. Kålå mangsané påꧤå diécé déníng anak-anaké.
᭑ ᩊ
"Ibu ki jaré ora sênêng putu wadón, éwadéné kók kåyå ora ånå dina goꧢang, mêsꧢi niliki putuné...." aturé anaké ragil. "Hus, kowé kuwi durúng ngrasakaké duwé putu, coba mbésúk yèn wís diundang Mbah kakúng, rasaknå!"
᭜᭐ ᭐ ᨾ ᭤
Yèn wís ngrêmbúg prêkårå putu, banjúr mrèmbèt-mrèmbèt têkan ngêndi-êndi. Pak Marnó barang sók mèlu nimbrúng rêmbúg. Gêguyónan ngono iku dadi kêrêp kêdadéyan. Bu Guru dikróyók anak-anaké lan bojoné. Malah Pak Marnó síng pintêr ꧤéwé mbêbédå.
ᨾ
"Yèn manút ramalanku, anaké Ndari síng nómêr loro iki mêtu lanang bakalé. Kowé naꧤar åpå, Buné?" kanꧤané Pak Marnó. "Êmbúh Pak, ora nggagas putu lanang! Wédók ya bèn, lanang ya bèn!" wangsulané Bu Guru nyênꧢé-nyênꧢé, jalaran rumångså dibêbéda déníng bojoné.
ᨾ ᩂ ᨾᨾ
"Wóng ditakóni apík-apík, kók wangsulané kåyå ngono " Sauntårå iku ånå nóm-nóman muꧤún saka sêpéꧤa mótór, sajaké kóngkónané Ndari anaké wadón. Mlêbu ngomah langsúng kånꧤå.
᭙ ᮜ ᨾᨾ
"Nyaósi prikså, Mbak Ndari babaran!" "Hah, Ndari nglairaké, lanang på wadón?" "Jalêr!” Krungu anaké Ndari lanang, sakålå Bu Guru lunjak-lunjak karo nangís ngguguk. Lagi iki pêpénginané duwé putu lanang kêlakón.*
Déníng : Núrmín / Panyêbar Sêmangat - 05/2006
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar